Cari Blog Ini

Senin, 15 November 2010

SANGKAN PARAN

tulisan oleh Kandjeng Pangeran Karyonagoro, 2005

Telah kita ketahui bersama, bahwa ‘ngelmu-ngelmu’ Jawa sangat jarang yang dipaparkan secara tertulis dengan gamblang. Kebanyakan dengan simbul-simbul yang benar-benar rumit untuk dipahami secara awam. Terlebih-lebih tentang ‘ngelmu- ngelmu’ yang sangat penting dan mendasar sebagaimana ‘Kawruh Sangkan Paran’.
Kita tidak tahu mengapa hal itu terjadi. Bahkan pemahaman yang terwariskan kepada kita telah memposisikan ‘ngelmu-ngelmu’ tersebut sebagai ‘sinengker’ yang artinya tidak boleh dibicarakan secara umum. Perlu prasyarat-prasyarat tertentu yang harus ‘dilakoni’ oleh orang yang berkehendak mempelajari dan memahami. Maka akibatnya bagi awam terposisikan untuk ‘manut miturut’ mengikuti para ‘sesepuh’ yang diyakini telah mampu menguasai ‘ngelmu-ngelmu rungsit lungid’ tersebut.
Sinengkernya ngelmu-ngelmu Jawa tersebut menjadikan kebanyakan orang Jawa awam merasa terjauhkan dari ‘Kawruh Ajaran Hidup’ warisan leluhurnya sendiri. Kemudian memilih untuk mengikuti ‘Ajaran Hidup’ dari luar yang disebarkan dengan intensif dan gampang. Bahkan untuk menjadi ‘tokoh’ ajaran hidup yang dari luar itupun tidak banyak prasyarat yang harus dipenuhi. Oleh karena itu menjadi wajar ketika ‘nuansa’ Jawa di saat ini terkesan sudah berubah menjadi “Barat’ dan ‘Timur Tengah’.
Keinginan Ki Djoko Wiro dalam mewacanakan ‘Paraning Dumadi’ membuktikan bahwa sesungguhnya ada keinginan-keinginan di kalangan masyarakat Jawa terpelajar untuk bisa memahami ‘Kawruh Ajaran Hidup’ yang asli miliknya sendiri. Beliau yang telah ‘yuswa’ dan mengenyam asam garam kehidupan nampaknya ‘kurang sreg’ dengan diskripsi ajaran hidup (agama) yang dari luar. Namun menjadi gamang ketika mencoba mengikuti penekunan spiritual Jawa yang ada (Aliran Kepercayaan). Kiranya banyak kadang lajer Jawa yang seperti Ki Djoko Wiro tersebut.
Ketika saya kepingin ‘urun rembuk’ untuk mengkaji berbagai ngelmu Jawa, maka kendala yang terjadi ada pada bahasa. Pada kenyataannya memang sangat sulit menyam-paikan paparan kawruh kejawen dengan bahasa Indonesia. Padahal bahasa Jawa untuk ngelmu-ngelmu tersebut sudah banyak yang kurang paham lagi. Serat-serat kapujanggan misalnya, bahasanya sudah jarang dipergunakan awam pada masa sekarang ini. Lagian disusun dalam bentuk tembang-tembang. Maka jarang orang paham isinya meskipun ketika berkesenian nembang macapat begitu fasih melakukan.
Namun demikian, kita hendaknya tidak gampang menyerah. Karena kita, wong Jawa, masih memiliki bahasa Jawa Ngoko yang secara alamiah terlestarikan dan masih banyak awam yang memahami. Kebetulan saja bahwa ‘teks’ ngelmu-ngelmu Jawa banyak yang dipaparkan dengan bahasa Jawa Ngoko itu. Menanggapi keinginan Ki Doko Wiro dan mungkin para sejawat lain yang senada, maka saya ingin menyampaikan suatu kajian tentang ‘Kawruh Sangkan Paran’ semampu saya kepada para sejawat. Sumangga ……. Meski yang tertera di banyak literatur Jawa masih banyak berbau ‘dongeng’, namun bisa menuntun saya memahami ‘dasar falsafah’ Jawa tentang: teologi, mitologi dan ‘kosmologi’ Kejawen. Landasan atau ‘aras dasar’ utama spiritualisme Kejawen adalah ‘Panunggalan’, atau ‘Manunggal’ yang artinya menerangkan bahwa ‘sistim’ dari semua ‘yang ada’ merupakan suatu ‘kesatuan yang mutlak kosmis-magis tak terpisahkan’.
‘Struktur sistim’-nya seperti kesatuan sel yang terdiri ‘inti’ dan ‘plasma’, disebut dalam istilah Jawa ‘Gusti’ dan ‘Kawula’. Kalimatnya : “Manunggaling Kawula Gusti”. Untaian kata wewarah Jawa lainnya: ‘kembang lan cangkoke’, ‘sesotya lan embanan’, ‘sedulur papat kalima pancer’ (dalam konteks rohani manusia), Hyang Manik lan Hyang Maya; Manikmaya atau ‘Dzat Sejatining Urip’ (rohani jagad semesta) yang dalam istilah Jawa diberi sebutan: ‘Pangeran’ atau ‘Gusti’.
Kawruh Kêjawèn mengajarkan bahwa tergelarnya jagad raya adalah diciptakan oleh Sang Hyang Wenang (sebutan lainnya: Sang Hyang Wisesa, Sang Hyang Tunggal), nama sebutan untuk Sesembahan Asli Jawa. Penciptaannya dengan meremas (membanting) antiga (benih, wiji, bebakalan) hingga tercipta tiga hal : a. Langit dan bumi (alam semesta). b. Teja dan cahya, teja merupakan cahaya yang tidak bisa diindera sedangkan cahya merupakan cahaya yang bisa diindera. c. Manikmaya, yaitu “Dzat Urip” atau “Sejatining Urip” (Kesejatian Hidup, Suksma, Roh).
Menurut Kawruh Kêjawèn, maka seluruh semesta seisinya adalah ciptaan Sanghyang Wisesa di alam suwung, artinya mencipta di dalam haribaan-Nya sendiri. Di dalam haribaan-Nya sendiri mengandung maksud bahwa Tuhan murbâ wasésâ (melingkupi, memuat, serta menguasai dan mengatur) seluruh semesta dan seluruh isinya.
Di dalam kesemestaan tersebut ada materi (bumi dan langit), ada sinar dan medan kosmis (cahya dan teja), dan ada Dzat Urip (Manik-mâyâ, Sêjatining Urip, Kesejatian Hidup) sebagai derivate (emanasi, pancaran, tajali) Dzat Tuhan. Pandangan Kêjawèn menyatakan bahwa: Dzat Tuhan “tan kênâ kinâyângâpâ”, tidak bisa dihampiri oleh akal, rasa, dan daya spiritual (batin) manusia. Yang mampu dihampiri akal, rasa dan daya spiritual (kebatinan) adalah Derivate Awal Dzat Tuhan yang di banyak penekunan kejawen disebut ‘Suksma Kawekas’. Saya sendiri lebih nyaman menggunakan sebutan Dzat Sejatining Urip, yang kemudian disebut: Pangèran, Gusti, atau Ingsun.
Kawruh Sangkan Paran merupakan ‘ngelmu’ Jawa yang mengajarkan asal mula keseluruhan yang ada dan kemana tujuan akhirnya. ‘Ada’ dalam artian ‘Maha Kesatuan Tunggal Semesta’ adalah langgeng abadi. Maka dengan demikian ‘sangkan paran’ lebih ditujukan kepada ‘ada’ untuk ‘titah urip’ dan lebih khusus lagi ‘manusia’. Titah urip merupakan ‘persenyawaan’ dari tiga unsur : bumi lan langit, cahya lan teja, serta ‘dzat urip’. Ketiga unsur tersebut bersifat langgeng pada ‘azali’-nya, maka yang tidak langgeng adalah ‘kahanan pernyawaannya’. Sangkan berarti proses mensenyawa, sementara paran merupakan ‘kahanan’ setelah mengurai kembalinya pernyawaan tersebut. Berikut saya kutipkan ‘Wedaran Sang Wiku Djawa Boedi Moerni’ (1934) :
Note : Sang Wiku adalah ‘sesepuh’ Kejawen yang menjadi ‘guru utama’ banyak tokoh-tokoh Jawa di jamannya. Tersirat dalam tulisan para siswanya, bahwa saat itu Sang Wiku sudah sepuh sekali, diatas seratus taun. Sang Wiku menyatakan diri sebagai orang pelosok (pegunungan) yang jauh dari kota. ‘Cedhak watu adoh ratu”.
SANGKAN PARAN #2
Sangkan Paran iku lakone Urip utawa Jiwa kang lagi tumurun saka kana tumeka ing kene, kang ing maune sira padha durung wikan (mangerti). Maune iku, karepe wiwitan utawa kana, dadi sangkane kang mau saka kana, parane mrene. Kosok baline, saka kene parane mrana. Iku yen mungguh tumraping wong lumaku, sing mesthi sangkane saka mburi parane menyang ngarep. Sawise tumeka ing paran (kene iki), yen arep marani sangkane, kudu lumaku ambalik. Ananging patrap kang mangkono iku rekasa, marga dunung lan dalane wis ora kelingan; rak iya ta? Coba caritaa sapa kang wus tau weruh, wong tuwa bisa bali dadi bocah maneh, banjur dadi bayi bali lumebu ing guwa garba, nuli bisa bali dadi jiwa? Iku aran mokal.
Ing mengko sarehning patrap ambalik iku ora bakal bisa kalakon, becike nganggo patrap lumaku ambanjur bae. Geneya teka mangkono? Iya awit mirid saka piwulang bab kaanan titahing Suksma, adhapur piwulang kang sajati ngenani jagad saisine kabeh, bawana iku wujude bunder. Dadi yen lumaku ambanjur, kang mesthi iya bisa tumeka ing panggonan maune. Awit araning enggon iku mung loro, kana karo kene. Kosok baline: kene karo kana. Dadi yen saka kana, parane mrene, lan manawa saka kene parane mrana. Waton lakune mau ora slewengan, utawa mompar mampir ndadak utang sangu barang, utawa maneh ndadak jajan ana ing warung, adus ing kedhung, mesthine rak iya bakal tekan ing kana ta?
Mulane padha den ngati-ati lan prayitna sarta kang eling, manawa kene iki akeh begalane lan akeh sambekalane, apa maneh dhasar gedhe cobane. Iku kang dadi pangridhu lan pamurunging sedya, kang marakake ora bisa sembada. Mangka kene iki wawayangane kana, lan kana iku iya wawayangane kene. Papadhane sira andeleng warnanira ana sajroning pangilon, yen kene tutul, kana iya tutul; kene lorek, kana iya lorek; kene ireng, ing kana iya ireng, mangkono sapiturute. Ana dene sakabehing rurupan iku, iya wujuding begalan. Begalan mau kadadeyan saka kurang pangati-atine mungguh pangreksane marang awake dhewe. Pinangkane mung saka karem angumbar karep, anuruti hawa napsune. Mangka karep lan hawa napsu iku, manawa diuja sangsaya makantar-kantar anggegirisi, tutuging endhon andadekake coba beka, kang mahanani awake dhewe dadi ambuntel, utawa ambalebet sarta ambabaluhi marang Pak Jiwa. Apa iya ora rekasa lakune Pak Jiwa mau? Sing mesthi kang amarga kabotan ing babaluh, dadi banjur banget ing sarentine. Terkadhang durung sapira dohing lakune, nuli karasa sayah, banjur trima mung mandheg ana ing saenggon-enggon bae. Gek kapan bisane menyang panggonane lawas? Jalaran saka kang mangkono iku, luwih prayoga manawa ingsun nyaritakake bab sangkan paran dhisik, lan kapriye sababe dene bisa tumurun marang ing donya iki. Apa maneh kapriye mungguh perlune kawruh kang mangkono mau dibutuhake dening manungsa, lan kudu diudi kongsi kapara nyata nemu buktine, kang kalawan sinaksenan dening lepasing pandulu kita pribadi. Sarta maneh kumudu angawruhi marang dumadining rereged utawa luput kang sakawit. Duk nalika tumurun saka kana- kanane, rereged mau ora tinemaha. Marga kang mangkono mau, banjur ora diarani suci, dening wus anduweni cacat lan luput ing wiwitane. Mangka sajatine cacad utawa luput mau, tansah cumepak angadhang ana ing dadalan, kang diliwati dening kang lumaku saka sangkan (kana panggonane lawas), marang paran kene iki.
Dadi luput utawa reregede mau iya banjur sangsaya ajujul wuwul. Mulane Urip utawa Jiwa kang kawuwulan ing rereged iku mau lumrahe banjur diarani ‘kawula’. Amarga tekane wus kawuwulan dening rereged (kaluputan) kang kongsi andadekake lemesing dayane Pak Urip iku. Rumangsa kaya kinunjara ana ing sajroning gedhong wesi. Mulane saya akeh kaluputane, iya sangsaya ringkih uripe. Iya jalaran saking kandel lan gedhening kaluputane, Pak Jiwa kongsi kena diandheg ana ing kene watara lawas. Ora uwal utawa ora ucul yen bandhule kang kasar-kasar mau durung rusak. Dene bandhul utawa balebed kang wis rusak, diuwalake dening Pak Urip mau, lumrahe diarani mati.
Mungguh salugune Jiwa utawa Pak Urip iku ora bisa mati, ajeg ing salawas-lawase. Tembung ajeg iku, iya langgeng: apane kang langgeng? Yaiku uripe lan anane, yaiku Jiwa kang wus oncat saka buntel utawa bandhule. Dene buntel utawa bandhule kang kaprahe diarani raga, kang asipat kaya dene ragangan, kang ing tembe mesthi bakal rusak dadi wangke. Sanajan wis bisa oncat saka rereged utawa raga, suprandene iya isih ana maneh rereged kang ora gampang diuwalake. Ing ngarep wis ingsun caritakake, yen rereged kang nutupi iku andadekake pepeteng lan lali, mulane iya ora gampang baline marang sangkan utawa padunungane lawas. Bisane bali marang panggonane lawas, manawa Pak Jiwa mung kari anggawa sarira pribadi. Amarga sarirane pribadi mau, asale saka sangkan lan ora kawoworan apa-apa, mulane diarani suci, bisa luluh lan jumbuh dadi sawiji, tetep jumeneng Maha Suci, tegese luwih dening suci. Kang wis widagda angudi mangkono mau, kaprahe diarani nyawarga, tegese sawarga iku, wus kumpul kalawan wargane (dadi siji). Dadi anane ing kono mung sarwa lega, iya lega dening wus bisa bali marang poke. Kang ana ing kono mung panjenengane pribadi, ora kantha ora kanthi, ora warna ora rupa, ora arah ora pernah, tetep jumeneng Maha Agung lan Maha Luhur, Maha Kawasa lan Maha Luwih, mulya langgeng tan owah gingsir.
Dene enggone sinebut Maha Agung iku, amarga jagad saisen-isene kabeh, kawasesa ing Panjenengane. Teteping Maha Luhur iku, jalaran sakehing kaanan, luwih asor tinimbang Panjenengane. Teteping Maha Kawasa, karana dumadining kaanan kabeh, kapurba ing Panjenengane. Teteping jumeneng Maha Luwih sebab sagunging kaanan, antuk palimarma saka Panjenengane. Tetepe Maha Mulya, dening kaanan kang dumadi ora bisa madha lan ora kawawa anggepok marang Panjenengane. Tegese langgeng tan owah gingsir iku, wiwit duk samana kongsi saiki, tumekane ing mbesuk, iya ajeg anane, ora owah lan tanpa cacad.
Kang mesthi Pak Jiwa kang kangelan bali marang panggonane lawas (sangkan) mau kepengin ambaleni ragangane nanging ora gelem jalaran wus arupa wangke. Mulane amilaur ngluyur saparan-paran, ngaub ana ing saenggon-enggon. Dadi tenagane Jiwa iku ora gampang sembadane bisa bali marang panggonane lawas manawa durung bisa nguwalake rereged utawa kaluputane. Jiwa kang sumanggar ana ing saenggon-enggon, utawa kang sumandha ing saparan-paran, iku yektine kena diarani neraka, jalaran kang sabenere kudu bali menyang panggonane lawas (sangkan), ananging ora bisa tumeka, amarga isih kawoworan rereged kang dadi babaluh mau. Ana maneh bandhul kang anjalari si Jiwa enggal bali maneh marang ing donya kene, ngrasuk raga anyar. Bandhul kang anjalari bisa bali ngrasuk raga anyar mau aran ‘ala utama’ utawa ‘reged apik’. Ing tembe, tumurun ing donya kang kapindho, lan yen bisa ngrucat sarta nguwalake saliring rereged, iya uga bisa bali marang panggonane lawas. Dene bandhul becik iku mau, asale saka karep kang dhemen anggayuh kautaman, angudi marang kang durung bisa andadekake pamareme. Dadi urip ing donya kang kaping pindho iku, perlune nutugakake kang digayuh lan diudi mau.
SANGKAN PARAN #3
Ing mengko ingsun arep amiwiti anyaritakake cethane dhek sadurunge ana apa-apa, nganti tumeka gumelaring jagad saisine kabeh, lan dumadining manungsa tumurun ing donya, kongsi bali marang panggonane lawas. Kabeh iku ingsun mung saderma ngucap, Hyang Suksma Kawekas kang paring dhawuh.
Dadi sarehning saka keparenging Suksma, sariraningsun minangka lelantaran ambuka, cethane wawarah mau, pangrasaningsun wis aran nugraha (begja kemayangan). Marmane ingsun kudu matur sewu sembah nuwun marang Panjenengane, nganggo cara Jawa sakepenake manut sasenengingsun dhewe. Kabeh kang ingsun enteni lan ingsun senengi, kang mesthi wus kauningan dening Pangeran Kang Maha Wikan.
HYANG HONG ILAHENG AWIGNA BUDIWA NAWA SANGA, mung Hyang Suksma Kawekas sasmitaningsun. Niyatingsun miwiti ambuka wedaran kawruh atas karsaning Suksma: Durung ana apa-apa, isih suwung wangwung. Suwunge iku dumunung ing ana. Ana iku langgeng ing salawas-lawase. Pethane kaya sumurat, anyemburat, nyemprot, kedher ambuwang lan anarik. Kang mangkono iku ajeg salawase, tan kena owah datan kena winengkang. Iku ‘wit’ utawa ‘babu’ baboning ngadadi, ya guruning sakabehing kang ana. Semprotan lan cipratane mau ana kang akeh lan kang sathithik. Kang akeh iku dadi luwih gedhe tinimbang liyane, sarta banjur kuwawa dadi ‘wana’ (papan) dunung dhewe-dhewe. ‘Kaanan’ kang luwih gedhe luwih adoh parane. Sakehing ‘kaanan’ kang dumadi mau tansah wuwuh-wuwuh dayane saka sorot lan semprotan utawa cipratan ‘adidayane’ Guruning Ngadadi. Kagawa saka dhewe-dhewening prenahe, dayane sakabehing kaanan mau banjur ora padha. Kang luwih dhisik dadi iku semprotan kang luwih gedhe, anduweni daya kedher mubeng anarik meh sairib karo dayane Guruning Ngadadi. Sarehning saka terange cahyane, kang dadi luwih dhisik sarta katone luwih gedhe (menjila, ksm) tinimbang ‘kaanan’ liyane, mula becike ingsun arani Pramana Jati.
Kapindhone, ana maneh kaanan kang meh padha gedhene karo Pramana mau, dayane mungser mubeng sumorot. Saka kuwating ubenge lan kawuwuhan semburating dayane Guruning Ngadadi banjur duwe daya panas. Saka bangeting panase kongsi metu sunare kang padhang, iya iku Arka utawa Surya.
Katelune, ana kang memper kayadene Surya, gedhene uga meh padha, dayane mungser lan sumorot, lan uga tansah oleh wuwuh saka dayane Guruning Ngadadi. Ananging sarehne prenahe rada cedhak karo Pramana, mangka dayane Pramana iku anarik utawa nyerot, dadi prenahing Surya uga banjur cedhak karo ‘kaanan katelu’ mau. Mangka dayaning Surya mubeng sumorot lan panas; panasing sorot tansah angenani ‘kaanan katelu’ iku. Dadi kaanan kang kaping telu mau tansah kawuwuhan dayaning Pramana lan Surya sarta Guruning Ngadadi. Mulane kaanan kang kaping telu iku kurang dayane, banjur mung adhem lan anteng bae. Nanging iya isih mubeng mungser. Iku ingsun arani Wulan (Rembulan), awit dadine saka lereming daya tetelu kembul dadi sawiji.
Kaping pat, ana kaanan maneh, sarta akeh banget, gedhene iya meh padha bae karo Surya, prenahe adoh karo kaanan tetelu mau. Dayane kabeh mung kedher sumorot. Marga akeh tunggale, becike ingsun arani Kartika (Lintang). Saka padunungane lintang-lintang mau ana tetelu kang katone gedhe dhewe yen dineleng saka kene, amarga luwih cedhak tinimbang lintang-lintang liyane. Pethane kaya dene ngapit-apit dununging Pramana, andadekake pepethan ancer-ancer pojoking Pramana. Dene dayane lintang tetelu mau kalah karo dayaning Pramana, tansah kaserot dening dayaning Pramana. Sabanjure semono uga dayaning Surya lan Rembulan tansah kaserot dening Pramana. Sakabehing ‘kaanan dumadi’ iku kayadene ngubengi utawa ngrubungi ing Guruning Ngadadi. Mulane iya banjur kaya pepethan ancering arah utawa keblat. Wong Jawa kerep padha nganggo tetembungan ‘keblat papat kalima pancer’, iku karepe mangkene: keblate papat iya iku kaanan dumadi kang gedhe-gedhe, pancere Guruning Ngadadi. Mungguh kaanan dumadi kang dhisik iku mau kabeh diarani purwana, tegese panggonan kang wiwitan iya purwane ana dumadi. Dene gurune kena diarani Guru Purwaka, tegese Guru kang jumeneng dhisik, ora ana kang andhisiki lan ora ana kang madhani.
Wedaran Sang Wiku yang tersaji merupakan hasil beliau bermeditasi (maneges) memenuhi permintaan para siswa-siswanya. Maka dalam pengantarnya beliau berpesan agar para siswanya membuktikan semua yang beliau paparkan dengan cara bermeditasi (maneges) sebagaimana yang beliau lakukan. Disinilah makna “Ngelmu iku kelakone kanthi laku” yang ada dalam Wedhatama pupuh Pucung diterangkan maksudnya. Bahwa dalam hal ‘ngelmu’ Kejawen lebih mengutamakan ‘pembuktian’ kasunyatannya dibanding sekedar menyuruh mempercayai wacana yang kebanyakan berdasar ‘jarene’, konon kabarnya.
Barangkali saja karena hal itu maka jarang dijumpai paparan ‘ngelmu’ secara teori. Yang ditemukan sekedar pokok-pokok pengertian yang umumnya berupa ‘kalimat wirid’. Misalnya ‘wirid wolung pangkat’ yang banyak dipakai oleh komunitas penekunan Kejawen. Wirid inipun sesungguhnya merupakan ‘ajaran’ yang nampaknya berasal dari jaman kuna. Maka konsepnya bisa ditemukan di parwa-parwa, kavya, dan primbon. Yang terpopuler dan banyak dijadikan acuan laku teosofi adalah yang ditulis R.Ng. Ranggawarsita, Hidayat Jati. Namun juga bisa ditemukan dalam Centhini yang lebih tua. Kalimat wirid yang berkaitan dengan kawruh Sangkan Paran :
Wêjangan pituduh wahananing Pangèran: Sajatiné ora ânâ âpâ-âpâ, awit duk maksih awang-uwung durung ânâ sawiji-wiji, kang ânâ dhihin iku Ingsun, ora ânâ Pangèran anging Ingsun sajatining kang urip luwih suci, anartani warnâ, aran, lan pakartining-Sun (dzat, sipat, asmâ, afngal).
Terjemahan dalam bahasa Indonesia :
Ajaran petunjuk keberadaan Pangeran: Sesungguhnya tidak ada apa-apa, sejak masih awang-uwung (suwung, alam hampa) belum ada suatu apapun, yang ada pertama kali adalah Ingsun, tidak ada Pangeran kecuali Aku (Ingsun) sejatinya hidup yang lebih suci, mewakili pancaran dzat, sifat, asma dan afngal-Ku (Ingsun). Kalimat wirid tersebut di atas ketika kita hubungkan dengan wedaran Sang Wiku, maka sebutan Ingsun atau Pangeran adalah sama dengan Guruning Ngadadi atau Suksma Kawekas. Dalam paparan sang Wiku selanjutnya nanti, menjelaskan bahwa penciptaan ‘titah urip’ didahuli penciptaan tempatnya lebih dahulu yaitu bumi lan langit (Tata Surya) serta embanan panuksma yang berupa semua dayaning ‘kaanan dumadi’ (sorot semburat kekedher, cahya lan teja). Maka wedaran Sang Wiku akan jumbuh dengan kalimat wirid berikutnya :
SANGKAN PARAN #4
Wêjangan pambukâ kahananing Pangèran: Satuhuné Ingsun Pangèran Sêjati, lan kawâsâ anitahaké sawiji-wiji, dadi ânâ pâdhâ sanalikâ sâkâ karsâ lan pêpêsthèning-Sun, ing kono kanyatahané gumêlaring karsâ lan pakartining-Sun kang dadi pratândhâ: a. Kang dhihin, Ingsun gumânâ ing dalêm alam awang-uwung kang tanpâ wiwitan tanpâ wêkasan, iyâ iku alaming-Sun kang maksih piningit. b. Kapindho, Ingsun anganakaké cahyâ minângkâ panuksmaning-Sun dumunung ânâ ing alam pasênêdaning-Sun. c. Kaping têlu, Ingsun anganakaké wawayangan minângkâ panuksmâ lan rahsaning-Sun, dumunung ânâ ing alam pambabaring wiji. d. Kaping pat, Ingsun anganakaké suksmâ minângâa dadi pratân-dhâ kauripaning-Sun, dumunung ânâ alaming hêrah. e. Kaping limâ, Ingsun anganakaké angên-angên kang ugâ dadi warnaning-Sun ânâ ing sajêron alam kang lagi kênâ kaupa-makaké. f. Kaping ênêm, Ingsun anganakaké budi kang minângkâ kanya-tahan pêncaring angên-angên kang dumunung ânâ ing sajêronê alaming badan alus. g. Kaping pitu, Ingsun anggêlar warânâ (tabir) kang minângkâ kakandhangan pasèrènaning-Sun.
Kasêbut nêm prakârâ ing ndhuwur mau tumitah ing donyâ, yaiku Sajatining Manungsâ.
Terjemahan dalam bahasa Indonesia :
Ajaran membuka pemahaman keadaan Pangeran: Sesungguhnya Aku adalah Pangeran Sejati, dan berkuasa menitahkan sesuatu, menjadi ada dengan seketika karena kehendak dan takdir-Ku, disitu kenyataan tergelarnya kehendak dan titah (pakarti)-Ku yang men-jadi pertandanya : a. Yang pertama, Aku berada di alam kehampaan (awang-uwung) yang tiada awal dan tiada akhir, yaitu alam-Ku yang masih tersembunyi. b. Yang kedua, Aku mengadakan cahaya sebagai penuksmaan-Ku berada di alam keberadaan-Ku. c. Ketiga, Aku mengadakan bayangan (aura) sebagai panuksma dan rahsa-Ku, berada di alam terjadinya benih. d. Keempat, Aku mengadakan suksma (ruh) sebagai tanda kehidupan-Ku, berada di alam herah (sel hidup). e. Kelima, Aku mengadakan angan-angan yang juga sebagai warna-Ku berada di alam yang baru bisa diumpamakan. f. Keenam, Aku mengadakan budi (gerak) yang menjadi kenyataan berpencarnya angan-angan yang berada di dalam alam badan halus (rohani). g. Ketujuh, Aku menggelar tabir (hijab) yang sebagai tempat per-semayaman-Ku.
Tersebut enam perkara di atas tadi tertitahkan di dunia, yaitu Sejatinya Manusia.
Kelanjutan wedaran Sang Wiku :
Ana dene kang bakal dawa caritane, iya iku Pramana. Pramana iku tansah anyerot dayaning kaanan tetelu mau, kayata surya sinerot panase, lintang sinerot kedhere, rembulan sinerot adheme. Amarga Pramana anduweni daya kedher lan mubeng banget santosane, suwe-suwe kumpuling daya tetelu kang padha sinerot mau, dadi ngringet. Kringete mau saya lawas sangsaya mundhak, suwe-suwe dadi banyu. Dene banyu iku ingsun arani ‘tirta purwa’, utawa ‘tirta kamandanu’, tegese banyu urip, marga wiwitane saka kumpule daya tetelu. Tirta kamandanu mau tansah ingubengake lan kinedherake dening Pramana, suwe-suwe dadi saya kasar.
Sarehning penyeroting Pramana ora ana lerene, dadi banyu mau saya lawas iya sangsaya mundhak kasare. Amarga saka gedhening banyu mau, kongsi kawawa ambuntel marang sariraning Pramana mangkono ing sabanjure. Saya lawas iya sangsaya mundhak akehe lan kasare, wusana banyu kasar kang wus bisa ambuntel ing sariraning Pramono mau, dadi banget kandele lan banget jembare. Iku ingsun arani jaladri, karepe banyu luwih kandel, luwih jembar.
Jaladri mau sabanjure tansah ingubengake ing Pramana, kinedherake lan katarik sarta tansah kawuwuhan dayaning surya, rembulan lawan lintang-lintang satemah jaladri kang cedhak karo sariraning Pramana, banjur saya luwih kasar, kongsi anjendhel. Jendhelan mau saya lawas sangsaya kandel, mulane banjur rapet pambuntele marang Pramana: gampange jendhelan iku ingsun arani ‘pratala’, tegese wujud kasar dadi dhadhasar, lan tansah raket lan rapet kalawan Pramana, kongsi ora ana selane.
Dene banyu jaladri mau saking kandele lan jembare, nganti tanpa wates, gampange ingsun arani jalanidhi. Ing samengko saya kurang lepas (kuwat) daya panyeroting Pramana, marang kaanan tetelu mau, sarta dayane mubeng lan kedher mau, kalingan ing pratala. Sarehning pratala iku mau banget cedhake karo Pramana dadi tansah kagepok ingubengake lan kinedherake dening Pramana mau. Saking bangeting sesere, kongsi kaya digosok ajeg tanpa ana lerene. Ing wekasan pratala mau banjur panas, suwe-suwe kawawa dadi geni, genine awor karo awak-awaking pratala mau. Saka gedhening geni kang tansah di kedherake dening Pramana, dadi Pratala mau tansah kaya digarang , jalaran ing njaba ora pedhot kataman panasing surya.
Saupama ora oleh daya adhem saka rembulan, sarta daya kedhering lintang-lintang, kang mesthi pratala mau dadi garing, lan jalanidhi dadi asat. Nanging kedhering lintang-lintang kang sinerot mau nampeg marang bunteling Pramana, iya iku pratala lan jalanidhi, iku katut kadayan dening kakedher lan ubenge mau. Mulane kedhering lintang kang sinerot mau uga banjur katut marang lakuning pratala lan jalanidhi kang kagawa mubeng dening Pramana. Sabab saka mangkono banjur mahanani daya kang santosa kaya dene nyembur marang ing pratala lan jalanidhi mau. Dene daya santosa mau gampange diarani maruta. Karepe daya sinerot kerut (katut) dening ubenging kang anyerot. Maruta mau amratani sajembaring pratala lan jalanidhi. Mulane pratala mau mung wuwuh akas lan a.  RAHAYU

1 komentar:

  1. LANJUTKAN MAS DAKWAHNYA..ITU BAGUS SEKALI
    TOLONG JUGA SAYA DIAJARKAN...GIMANA CARANYA MEMBUKA MATA BATHIN, KRN SY SDH LAMA BELAJAR..TP BELUM BERHASIL JUGA

    BalasHapus